TULADHA PRANATACARA ING ADICARA PEPISAHAN SEKOLAH (BASA JAWI)
Assalamu’alaikum wr.wb.
Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kula urmati para tamu undangan wali murid tuwin para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.
Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga ing adicara pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.
Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan
kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia.
- Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan.
- Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an
- Adicara salajengipun tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah
- Tanggap wacana saking siswa kelas II
- Lan kasambet tanggap wacana saking siswa kelas III
- Panutup lan do’a mujudaken reroncening adicara ingkang pungkasan.
Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening tata adicara pepisahan siswa kelas tiga ing siang/ ratri wekdal punika, murih rancag lampahing adicara ingkang salajengipun inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an dhumateng kadang _____________ ingkang sampun piniji murih kaleksananing sedya papan lan wekdal kasumanggakaken.
Translate ke bahasa Indonesia
+Artikel bahasa jawa lainnya bisa kamu lihat disini
Like
>>
ARTIKEL TERKAIT:
ket: *Orange = belum dibaca | *Biru = sudah dibaca
- Artikel bahasa jawa tentang banjir
- Tokoh Perintis Geguritan
- Berita bahasa jawa tentang kebakaran hutan
- Cerita Bawang merah bawang putih bahasa Jawa
- Naskah Drama Bahasa Jawa Lucu 6 orang
- Berita bahasa jawa Terbaru 2017
- Berita Bahasa Jawa
- Kata Kata Cinta Bahasa Jawa dan artinya
- Contoh Teks Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa
- Cerita bahasa jawa Keong Mas
- Cerita JAKA TARUB dalam bahasa jawa
- legenda | dongeng bahasa jawa Timun Mas
- MC Pelepasan Siswa
- Teks Pembawa Acara Resmi
- Contoh Teks MC Bahasa Sunda
- Teks Pembawa Acara (naskah MC)
- Contoh Teks Pembawa Acara MC Perpisahan Sekolah
0 Komentar untuk "Contoh Teks Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa"